Berbagi itu indah

Pambiworo Pembawa Acara Tasyakuran

 

Pambiworo Pembawa Acara Tasyakuran

Berikut saya sampaikan sekedar contoh Pambiworo Tasyakuran atau Pembawa Acara Tasyakuran dalam Bahasa Jawa. Di sini sebagai contoh acara yang sederhana, setelah ijab qobul trus hari berikutnya bukan ngunduh manten tetapi hanya mengundang teman kantornya untuk sekedar makan-makan tasyakuran. Berikut Acaranya dalam Bahasa Jawa :

Pambiworo Tasyakuran

Nuwun, Kula nuwun.
Assalammu 'alaikum Wr wb.
Sih tentrem rahayu krana peparing Gusti Ingkang Maha Wilasa, ingkang ambabar gumelaring kabagas kwarasan saha kawilujengan mugi tansah tumedhak-tumanduk kajiwa kasarira ing jiwangga panjenengan dalah kula waradina sagung kulawarga.

Katur wonten ngarsanipun sesepuh, pinisepuh saha aji sepuh ingkang panaring pamawas saha lebda ing pitutur, ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating praja manggalaning negari ingkang satuhu sinuyudan. Para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Illahi, pinangka punjering panuntun kiblating panembah ingkang pantes tinulad saha tinuladha dening para umat.  Sagung para rawuh kakung sumawana putri  ingkang  pantes nampi sagunging pakurmatan.

Tadhah deduka, dene kula sampun kumawantun jejer wonten ngarsa panjenengan kanthi hanilarning  tata krami tuwin suba sita, inggih kadereng anggen kula nuhoni pamundhutipun Mbak Rina Ismurdiningsih, S.Pd sakulawarga minangka pambiwara laksitaning pahargyan tasyakuran crimen awit sampun kalampahanipun ijab qobul   Mbak Rina Ismurdiningsih, S.Pd Putra Putrinipun Almarhum Bapak Sutaryono – Almarhumah Ibu Mujiastuti, ingkang sampun jinatukrami dening Kangmas ( Nurhadi Sukaca ) ingkang sampun kalampahan ijab qobul  rikolo dinten Sabtu Pon, suryo 28 Mei 2016 wanci tabuh 12.00 WIB wonten KUA Kec. Jetis, Kabupaten Sleman, kanthi  lancar rancak  nir ing sambikala.

Ananging sakderengipun, kepareng kula ngaturaken puji syukur sahandhap pepada dalem Gusti Ingkang Maha Agung, mugi lampahing adicara punika  wiwit purwa, madya ngantos wasana tansah pinarengan widada nir ing sambekala.  Ugi mboten kesupen kula ngaturaken wilujeng rawuh.
Sagung para adi lenggah ingkang satuhu luhuring budi, parandene urut reroncening  adicara ingkang sampun  rinantam  rinakit  dening kadang panitia nun inggih.
Anggka setunggal pambuka.

1.    Dene angka kalih donga pangestu wilujeng konjuk temanten kekalih ingkang badhe katindaaken  dening bapa Dalimin, S.Pd,  pinangka tetuwangganing kulowargo SMPN 2 Mojogedang.

2.    Minangka adicara angka tiga atur pambagyaharja ingkang badhe kaaturaken dening bapa Sunarno, S.Pd sahabatipun Mbak Rina Ismurdiningsih, S.Pd MGMP Bhs Inggris.

3.    Paripurnaning atur pambagyaharja kalajengaken poto pinetha pakurmatan kenang kenangan,

4.    Kalajengaken ramah tamah dhahar kembul bujana sesarengan.

5.    Minangka panutuping adicara peparingipun pudyastawa saking para tamu dhumateng pinanganten kekalih kanthi ajejawat asta.

Mekaten menggah urut reroncening adicara ingkang badhe lumados ing ngarsa panjenengan  sadaya,  sumangga  panjenengan kula dherekaken lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih sinambi ngrantu laksitaning adicara, sru panyuwun kula panjenengan kersa hanjenengi, hangestreni minggahipun paring panjurung pandongo ngantos pari purnaning pahargyan punika.
Kula pribadi nyuwun tambahing pangestu mugi anggen kula ngayahi jejibahan saged lumampah kanthi gangsar lancar, mboten wonten pambeng satunggal punapa,
sepen ing rubeda. Nuwun.

1.      Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya. Keparenga pambiwara hanglajengaken adicara angka sepisan, nun inggih pambuka. Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, sumangga kulo dhereaken tasyakuran Ijab Qobul Mbak Rina Ismurdiningsih, S.Pd – Kangmas Nurhadi Sukaca kita awiti sesarengan kanthi maos Basmalah.

2.      Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu pantes sinudarsana, sasampunipun pambuka, sumangga kita lajenganken lumaksitaning adicara angka kalih nun ninggih donga pangestu pudyastuti dumateng temanten kekalih, ingkang badhe kasariro kapimpin dening Bapa Dalimin, S.Pd, tetuwangganing Kulowargo SMPN 2 Mojogedang. Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, dhumateng panjenenganipun Bapa Dalimin, S.Pd, sasono pandoyoworo kasumanggaaken.

3.    Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan. Ing wanci kalenggahan punika, ingkang hamengku karsa badhe hangaturaken lekas wekasing sedya wigatosing perlu, wonten ngarsanipun para tamu kakung saha putri.

Karana mongkoging  penggalih, inggih awit karawuhan panjenengan sedaya, pramila hamiji tetuangga ingkang pinilih, tanulyan mboten wonten malih kajawi panjenenganipun Bapa Sunarno, S.Pd sahabat raket MGMP Bhs Inggris. Saperlu hangaturaken pambagyaharjo wilujeng.

Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sakwetahipun kasumanggakaken dhumateng Bapa Sunarno, S.Pd. Sumangga nun.

4.      Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu luhuring budi, gangsar rancak, pambagyaharja kalajengaken adicara ramah tamah kembul bujana, pramila sumangga  panjenengan kula dherekaken lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih sinambi midangetaken organ tunggal Danang Sanmala.

5.    Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu luhuring budi. Purwa madya ngantos wusana adicara tasyakuran  ing wanci kalenggahan punika sampun ndungkap paripurna. Ingkang punika dhumateng panjenenganipun  Mbak Rina Ismurdiningsih, S.Pd – Kangmas Nurhadi Sukaca keparenga tumuju wiwaraning pahargyan jinajaran para kadang, saperlu tangkep asta ndherekaken kunduripun para tamu. Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sawetahipun kasumanggakaken para para  ingkang piniji. Sumangga nun.

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya.

6.    Kula pinangka pambiwara, wiwit purwa madya ngantos wusana hambok bilih anggen kula mranata basa kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama ingkang agung. Ing wasana, mangga sesarengan asesanti Jaya - jaya wijayanti, rahayu ingkang sarwi pinanggih. Nuwun, matur nuwun.

Kunduripun ndherekaken wilujeng.

Wassalamu 'Alaikum Wr. Wb.


(Download di sini)

0 Response to "Pambiworo Pembawa Acara Tasyakuran"

Posting Komentar